PAWARTOS KEBUMEN 2

EDISI 2 MINGGU 13 OKTOBER 2013

SOSIALISASI PEMBENTUKAN LKM

Kabag Humas dan Protokol Setda Kebumen/Drs. Drajat Tri Wibowo lan Kasubag Kemitraan dan Analisis Media/ Dewi Indriastuti SP/ Slasa enjang wolu Oktober 2013 ngawontenaken Sosialisasi Pembentukan Lembaga Komunikasi Masyarakat (LKM) dan Penyebaran informasi lumantar Kesenian tradisional/ mapan ing balai dusun Seliling Kecamatan Alian//

Kejawi dipun rawuhi masyarakat dusun Seliling/ sosialisasi ugi dirawuhi masyarakat dusun Bojongsari lan Surotrunan//

Wonte ing sosialisasi dipun terangaken/ menawi Lembaga Komunikasi Masyarakat mujudaken lembaga ingkang asalipun saking masyarakat/ lan kangge kepentinganipun masyarakat//

LKM menika sakmangke gadah jejibahan mujudaken masyarakat ingkang kagungan kawigatosan dateng informasi/ lan mbudidaya  supados masyarakat saget milah-milah jenisipun informasi//

KONTINGEN PEKAN OLAHRAGA PROVINSI KAB.KEBUMEN DIPUN LEPAS BUPATI

Kontingen Pekan Olahraga Provinsi kab.Kebumen dipun lepas Bupati H. Buyar Winarso, SE dateng Purwokerto/Selasa enjang/ wolu Oktober 2013//

Ketua Kontingen Porprov Kabupaten Kebumen H. Abdul Karnen ing pelapuranipun ngendikakaken/ Kabupaten Kebumen ing Porprov menika ngirimaken tigawelas cabang olahraga// Kontingen cacahipun  147 tiyang ingkang dumados  saking Atlet/ Official/ lan panitia// Sedaya anggota kontingen kabupaten Kebumen kala wau bade dipun panggenaken ngempal ing Airlangga Purwokerto//

Pembukaan Porprov Jateng tahun 2013 bade pun pusataken ing Stadion Utama Satria Purwokerto//

Sesorah Bupati Kebumen H.Buyar Winarso,SE ing antawisipun paring pesen supados Kontingen kabupaten Kebumen saged mbekta aruming nami daerah// Lan para atlit saged tanding kanti sportif// Mbudidaya kanti sedaya kesageda supados saget pikantuk prestasi ingkang saklangkung sae//

Pelepasan Kontingen  ingkang mapan ing pendopo Rumah Dinas Bupati kasebat/ dipun pungkasi kanthi salam-salaman kaliyan Bupati, Sekda lanpara pejabat terkait sanesipun//

PEPANGGIHAN ANTAWISIPUN GUBERNUR KALIYAN PEMKAB KEBUMEN

Gubernur Jawa Tengah Ganjar Pranowo/ Senen siang 8 Okt. 2013/ ngawontenaken pepanggihan kaliyan jajaran Pemerintah Kabupaten Kebumen// Pepanggihan ingkang dipun gelar ing Pendopo Rumah Dinas Bupati Kebumen/ dipun rawuhi Bupati Kebumen H.Buyar Winarso,SE/Wakil Bupati Kebumen Juwarni Amd.Pd/ Anggota Forkompindalan dinas terkait// Ing kalonggaran punika/ Bupati Kebumen ngaturaken palapuran ing sakngajengipun Gubernur Jawa Tengah lan jajaran pejabat Pemerintah provinsi Jawa Tengah//  Palapuran ingkang dipun aturaken ing antawipun perkawis pendidikan/Kesehatan/Kemiskinan sarta pembebesan lahan jalan jalur lintas selatan/JJLS// Ing pelapuran perkawis jalan jalur lintas selatan/JJLS/ Bupati nerangaken menawi dumugi wekdal menika pemerintah kab. Kebumen sampun mbebasaken lahan panjangipun 39,74 km/ saking panjang jalan 54,8 km ingkang dipun betahaken//

Lahan ingkang sampun dibebasaken mapan ing ing kecamatan Mirit dumugi Puring// Sinaosa pembangunan jalan jalur lintas selatan/JJLS nglangungi wolung kecamatan/ ing antawisipun Mirit/Ambal/Buluspesantren/Klirong/Petanahan/Puring/Buayan lan Ayah//

Ing kalodangan kasebat/ Gubernur Jawa Tengah nekanaken supados masyarakat manunggal lan

Gotong royong kangge lancaripun pembangunan ing Jawa Tengah/Gubernur kagungan tekad supados ing tahun 2014 mujudaken tahun Infrastruktur/ Ing tahun menika Jateng bade Berkonsentrasi  wonten pembangunan Jalan lan Jembatan//

KUNJUNGAN KERJA GUBERNUR JAWA TENGAH

Gubernur Jawa Tengah Ganjar Pranowo/ Senen pitu Okt. 2013 ngleksanani kunjungan kerja dateng Bendhung Wonorejo Kulon/Dusun Wonorejo kecamatan Bayan Purworejo//  Kerawuhan kala wau sesambetan kaliyan rencana ndandosi bending Wonorejo Kulon// Bendung Wonorejo Kulon senajan mapan ing tlatah Purworejo, ananging daerah aliranipun toya dumugi ing tlatah Bonorowo  ingkang sakjatosipun tlatah Kebumen//

Kangge ngoptimalisasi manfaat bendung / mengajeng  bendung bade dipun damel semi permanen//

Wonten ing pacelathon ingkang dipun pandegani Prasetyo Budi saking SDA Provinsi/ Gubernur janji bade paring fasilitas kanti nyiyapaken anggaran saking pemerintah provinsi/ lan bade ngupayakaken saking APBN//

Rawuh ing kalodangan punika Bupati Kebumen H.Buyar Winarso,SE/ Wakil Bupati Kebumen Djuwarni, Amd.Pd /Forum Komunikasi Pimpinan Daerah Kebumen/ camat lan muspika Bonorowo sarta undangan sanesipun//

PASAR KEWAN KEBUMEN DIPUN KEBEKI PEDAGANG KEWAN KURBAN

Minggu 6 Okt 2013 mujudaken salah satunggalipun dinten pasaran kewan ing pasar kewan Kebumen/ dusun Argopeni/ Saking Peningalan Tim Ratih TV regi kewan kurban ngalami kenaikan dumugi 500 ewu rupiah dibandingaken dinten-dinten biasa// Kangge kewan kurban mendha kanthi ukuran alit reginipun antawis 1 yuta 600 ewurupiah//Kangge ukuran ingkang sedeng 2 yuta dumugi 2 setengah yuta//Regi sapi siap kurban langkung saking 10 yuta/ antawis 14 yuta dumugi 17 yutarupiyah// Regi timbang hidup sapi jaler antawis 38 ewu dumugi 40 ewu rupiah per kilogramipun//

Statement : Siswanto Pedagang Sapi

Sinaosa dinten riyaya Idhul Adhah kirang setunggal minggu malih/ dereng kathah tiyang tumbas/ ketingal namung wonten sekedik ingkan kedadosan tumbas / Tiyang-tiyang kathahipun tasih nimbang-nimbang regi kangge perbandingan//

Saking kathahipun pedagang/sae saking Kebumen napa dene saking njawi kitha njalari antrian ing margi/ malah sampun njalari kemacetan ing margi ngajeng pasar//

SOSIALISASI TATA CARA PENCAIRAN KAGEM PENAMPI HIBAH

Bupati Kebumen Buyar Winarso,SE nyuwun dateng para ingkang nampi dana hibahTaman Pendidikan Al Quran (TPQ) tahun anggaran 2013/supados kanti dana menika saged dipun ginakaken sak sae-saenipun kangge ngleksanakaken Visi-Misi inggih menika mujudaken siswa siswi ingkang langkung sae//

Bab menika dipun ngendikakaken ing sakngajengipun 230 pengurus Taman Pendidika Al Quran (TPQ) ingkang nampi bantuan hibah//

Acara sosialisasi pencairan lan pembinaan SPJ hibah /ingkang dipun laksanakaken ing Pendopo Rumah Dinas Bupati menika /ngawuhaken nara sumber saking DPPKAD/ Kesra/ lan BPR BKK Kebumen//

Ing pangajab kanti sosialisasi menika dateng para ingkang nampi dana hibah saged ndamel SPJ administrasi saking pencairan dana kasebat//

BANK BRI CABANG GOMBONG LAN KEBUMEN BIYANTU TOYA RESIK

Mapan ing Pendopo Rumah Dinas Bupati/Sekda Kebumen H.Adi Pandoyo SH,MSi makili Bupati Kebumen nglepasaken bantuan toya resik/ peparingipun Bank Rakyat Indonesia cabang Gombong lan Kebumen// Rawuh ing kalodangan kala wau Kepala BPBD Kebumen H. Budi Satrio MM lan Asisten kalih Dokter hewan. H.Jatmiko// Bantuan toya bade dipun kirim kanthi cara bertahap/ Sekathahipun tigang ndoso enem tangki toya resik bade kasaluraken dateng Wolung dusun ing sekawan kecamatan nggih menika / kecamatan Rowokele katujokaken dusun Pringtutul lan Rowokele// Kecamatan Pejagoan katujokaken dusun Karangpoh// Kecamatan Karanggayam dateng dusun Ginandong/Kalirejo/Prembun/ lan kangge Kecamatan Sruweng katujokaken dusun Pakuran lan Karangpule//

BRI cabang Kebumen kiyambak ngirimaken 80 tangki toya/ lan BRI cabang Gombong ngirimaken 80 tangki toya/kanti sakderengipun BRI cab Gombong sampun nyaluraken 20 tangki toya dateng kecamatan Gombong//

Ing sesorahipun Sekda Kebumen ngaturaken pangalembana lan panuwun sak ageng-agengipun dateng BRI saking pambiyantunipun// Jalaran kados ingkang sampun dipun mangertosi/ bilih Kebumen kaancam ngalami kekirangan toya resik ing 82 dusun ing 16 kecamatan//

Sakmangkenipun pemerintah kabumen ngajengaken mugi bade langkung kathah malih/ perusahaan ingkang kersa paring pambiyantu/ kangge ngirangi ancaman kekeringan ing kab.Kebumen//

KUNJUNGAN KAERJA KABUPATEN PATI DATENG KEBUMEN

Mapan ing ruang rapat setda Kebumen/ Sekda Kebumen H.Adi Pandoyo, SH, MSi makili Bupati Kebumen /nampi kunjungan kerja saking rombongan tim pangkaji investasi kabupaten Pati// Ing kalodangan menika rawuh ugi kapala KPPT dan PM kabupaten Kebumen Drs. Aden Andri Susilo M.Si/ Kepala Dinas Koperasi dan UMKM Drs. Maskemi M.Pd lan wakil saking SKPD terkait// Saking kabupaten Pati kiyambak rombongan dipun pangarsani Asisten Kalih  Ir Pujo Winarno MM/ kaliyan tim pengkaji investasi ingkang minangka gabungan saking SKPD terkait ing kabupaten Pati//Pangarso rombongan Asisten kalih kabupaten Pati ngaturaken bilih tujuwanipun dumugi ing Kabupaten Kebumen/ kepingin mengkaji sisan damel tukar informasi ngengingi rencana umum penanaman modal utawi RUPM kab. Kebumen// Kabupaten Pati ningali bilih kab.Kebumen nggadahi potensi ingkang sae ing babagan investasi/ sae jangka pendek /menengah napa dene jangka panjang//

Sekda Kebumen nampi kanti sae rawuhipun rombongan kab.Pati//Sekda Kebumen ugi ngandaraken bilih ing salebetipun kunjungan kerja enten tigang perkawis ingkang kedah dipun gatosaken ingih menika ATM/ Amati/Tiru lan Modifikasi// Sakhengga kunjungan  kerja ingkan dipun laksanakaken saged angsal hasil ingkang maksimal//

Minangka kenang-kenangan/ing kalodangan menika kabupaten Pati maringi cinderamata arupi Plakat kagem kab.Kebumen// Lan dipun lajengaken Tanya-jawab ingkan dipun pangarsani dening Kepala KPPT dan PM kab. Kebumen Drs. Aden Andri Susilo,MSi//

WAKIL BUPATI KEBUMEN NGRESMEKAKEN GEDUNG SMA 2 KEBUMEN

 Pengetan dinten tanggap warsa SMAN 2 Kebumen dipun pengeti kanti kagelar pinten-pinten kegiatan ing antawisipun/donor darah lan sunatan missal/ingkan dipun laksanakaken dinten Selasa enjang /1 Oktober 2013//

Pengetan dinten tanggap warsa SMAN 2 Kebumen ingkang kaping Sekawan likur ugi dipun pengeti kanti Peresmian Pembangunan Gedung lantai 1 lan lantai 2 dening Wakil Bupati Kebumen Djuwarni Amd.Pd // Rawuh ugi ing kalodangan menika Asisten 1 Frans Haidar MPA/ Asisten 2 dokter hewan H.Jatmiko/ Staf Ahli Bupati lan WaKapolres Kebumen//

Ing kalodangan punika/ wakil Bupati Kebumen ugi nyempataken mersani secara langsung gedung ingkang nembe kemawon dipun bangun//

Wonten ing sesorahipun Wakil Bupati nderek mangayubagyo lan paring apresiasi kanti pangajab mugi ing pengetan dinten tanggap warsa SMAN 2 Kebumen ingkang kaping Sekawan likur/njalari generasi muda Kebumen dados langkung sae//

Puncak pengetan dinten tanggap warsa SMAN 2 Kebumen dipun pengeti kanti Pagelaran Ringgit purwa sedalu natas//

UPACARA DINTEN TANGGAP WARSA TNI LAN DINTEN TANGGAP WARSA KODAM IV DIPONEGORO

Wonten ing rerangkeyaning pengetan dinten tanggap warsa Tentara Nasional Indonesia kaping Suwidak Wolu lan dinten tanggap warsa Kodam IV Diponegoro kaping 63 dipun gelar Upacara bendera ing Alun-alun Kebumen// Kanthi Tema pengetan dinten tanggap warsa inggih menika Profesionalisme militan solid bersama rakyat TN kuat// Mayor Infantri Sunaryadi/ ingkang ugi minangka Kasdin  kadapuk minangka Inspektur Upacara// Upacara ugi dipun rawuhi Wakil Bupati Kebumen Djuwarni Amd.Pd.// Wonten ing amanatipun ingkan dipun waosaken inspektu Upacara / Panglima TNI Jendral Moeldoko ngersakaken supados pengetan menika saged dipun dadosaken sarana kangge merefleksikan diri lan merevitalisasi pengabdian TNI mengajeng secara konstektual kangge kepentingan nasional// Sakcekapipun upacara dipun lajengaken paring santunan kangge fakir miskin wujudipun  paket sembako, cacahipun 200 paket //

 

Tinggalkan komentar